Selasa, 16 Desember 2008

Upacara Penganten Adat Jawi

Nuwun,
Langkung rumiyen kaparenga kulo matur bilih blog punika lakar namung salah satunggaling wujud ngleluri saha nglestantunaken kabudayan jawi.
Saumpami wonten lepat anggenipun kawulo nyerat blog punika, kawulo nyuwun aggunging pangaksami.

Wonten babagan punika kawula badhe nyerat bab Upacara penganten adat Jawi
Bhoten mokal manawi lampahing upacara penganten punika ing kita saha ing dhusun satunggal dalah satunggalipun mboten sami. Dadhos, jumbuh kaliyan paribaan desa mawa tata cara Negara mawa tata. Inkang makatan punika mboten sanes awit saking kiyating naluri ingkang parikedah linampahan; kabekta saking anggenipun ngestoaken ilo-ilo ujaring para leluhur, ingkang anggung pinundhi-pundhi dumugi sapriki.
Para kadang sutresno ,
Manut peprincen tuwin reroncening upacara, malakramaaken putra kakung/putrid punika ing nguni mawi nglangkungi tataran pinten-pinten, kacheta ing ngandap punika.
1.Utusan
Ingkang kawastanan utusan punika tiyang ingkang kautus dening tiyang sepuhipun calon penganten kakung ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun calon penganten putrid. Utusan punika ugi asring dipunwastani cogkok.
2. Salar
Dene ingkang winastanan salar inggih punika lumampahing congkok dhateng griyanipun tiyang sepuhipun calon penganten putrid, nyuwun katrangan menggah ingkang badhe kapundhut mantu punika taksih lamban punopo sampun sinengker dening jejaka. Lampah makaten punika tembungipun wantah nakokake.
3.Nontoni
Inggih punika ningali kawontenaning calon penganten putrid ing griyanipun tiyang sepuhipun, ingkang katindakaken dening congkok mawi anganthi calon penganten kakung.
4.Nglamar
Inggih punika nglajengaken pirembagan, ingkang atages sampun wonten pasarujukaning para calon besn. Nglamar punika katindakaken dening congkok utawi utusan anganthi serat.
5.Ningseti
Inggih punika nyakup:
• Masrahaken paningset saking calon penganten kakung dhateng calon penganten putrid;
• Masrahaken asok tukon;
• Netepaken dinten, tanggal, wulan, saha taun badhe dhaupipun penganten ;punika dipunwastani gethak dina.
Ing jaman sapuniko limrah mawi upacara lira kalpika rukmi caon penganten kakung kaliyan calon penganten putri, minangka tandha pepancangan.
6.Dhapukan Panitya
Punika dipunadani wonten ing griyapun calon besan ingkang badhe ngajangi gadhah damel mantu.
Padhapuking panitya kasebat amung gumantung dhateng karsanipun ingkang badhe mantu. Manawi badhe amiwaha kanthi ageng-agengan, mila perlu kadhapuk panitya. Nanging manawi namung kanthi reringkesan, cekap miji para sanak kadang tangga tepalih, kados kaandharaken ing bab Kumbakarnan ing ngandhap punika.
7.Kumbakarnan
Wonten warni-warni angenipun sami mastani, inggih punika: Kumbakarnan, rubukan; biasanipun dipunwastani atak ulem.
Kumbakarnan punika dipunadani wonten ing griyanipun ing kang badhe mantu, kanthi ngaturi para pinisepuh, sanak kadang, tangga tepalih sacekapipun. Dene menggah wigatosipun: ambayawarakaken anggenipun badhe gadhahdamel mantu; netepaken/ndhapuk para ingkang badhe sinaraya suka biyantu bot repoting kapreluan mantu; matah para mudha-mudhi ngideraken surat ulem (serat sedhahan).
8.Jonggolan
Inggih punika titi wanci calon penganten kakung putri atur palapuran dhateng KUA utawi dating ingkang kawogan, perlu katiti priksa anggenipun sami badhe palakrama.
Menawi sampun mboten wonten bab-bab ingkang nalisir saking angger-anggering nagasari saha pranataning agami, saged katindakaken ijabipun, wonten ing dinten sampun katetepaken.
9.Pasang Tarub, Tuwuhan, Pasren
Pamasanging tarub/tuwuhan punika kalampahanipun gumantung wonten ingkang gadhah damel/ingkang mantu. Awit adedasar pitedahing para leluhur ingkang agung pinundhi-pundhi, titi wanci pamasanging tarub/tuwuhan punika kedah mawi petang. Dene ingkang limrah nunggil dinten/kirang sadinten dumugining damel.
Andharan jangkep babagan pasang tarub/tuwuhan, badhe kaaturaken wingking.